Contoh Tembung Entar – Di dalam Kawruh Bahasa Jawa, kiasan dikenal sebagai tembung entar. Bahasa kiasan ini digunakan banyak orang baik secara langsung dalam percakapan maupun tulisan. Akan tetapi secara ilmu tidak sedikit yang tidak mengetahui bahwa kiasan yang mereka sampaikan merupakan tembung entar. Untuk itu sebagai orang Jawa, cukup penting mengenal contoh-contoh tembung entar di bawah ini.
Pengertian Tembung Entar
Tembung entar adalah dua kata atau lebih yang digabung menjadi satu dan bermakna kiasan/ungkapan serta memiliki arti bukan sebenarnya.
Di dalam bahasa Indonesia sendiri, bahasa kiasan juga bermakna bukan kata sebenarnya. Kata kiasan digunakan untuk menyampaikan makna lebih, keindahan dan penekanan pada hal-hal yang ingin disampaikan melalui kata-kata tersebut. Hal ini tidak jauh berbeda dengan tembung entar dalam bahasa Jawa.
Tembung entar juga disebut sebagai kata pinjaman, karena dalam susunan kata maupun kalimat diterapkan pada kata yang tidak tepat. Entar sendiri dari sisi Bahasa memiliki arti “silih’ atau “ampel”, yang dalam Bahasa Indonesia yaitu meminjam. Sehingga dapat diartikan meminjam makna, Misalnya :
Adus ; Seharusnya dipasangkan dengan kata yang seperti “adus banyu sumber”. Namun dalam tembung entar dipasangkan dengan kata “kringet” ; sehingga menjadi “adus kringet” yang berarti bekerja keras.
Tembung Entar Yaiku
Tembung entar yaiku tembung silihan, tembung kang ora kena ditegesi mung sawantahe bae. Tembung sing tegese ora salugune lan diarani uga arti kiasan. Tuladha :
- Gedhe atine ; gampang sumelang, tatag (pemberani)
- Dawa tangane ; seneng nyolong (suka mencuri)
- Jembar segarane ; sugih pangapura (suka memaafkan)
- Adus kringet ; nyambut gawe mempeng ( kerja keras)
Ciri-ciri Tembung Entar
Sebenarnya tembung ini cukup berbeda dengan tembung-tembung lainnya dalam Kawruh Basa Jawa. Sehingga tidak terlalu sulit untuk mengenali jenis tembung ini dalam setiap perkataan maupun tulisan orang lain.
Akan tetapi dengan banyaknya jenis tembung-tembung yang ada, untuk mempermudah dan mempercepat anda dalam mengenali tembung ini, berikut adalah uraian ciri-ciri tembung entar :
- Tembung entar terdiri dari dua kata atau bisa lebih.
- Memiliki satu kata sifat, seperti amba, ala, ayu, gedhi .
- Memiliki satu objek, seperti lambene, kupinge, tangane, rambute.
- Dapat dengan mudah dijumpai pada karya sastra Jawa.
- Apabila diartikan apa adanya, maka tidak memiliki arti dan terdengar aneh atau bahkan tidak masuk akal.
- Biasanya tidak digunakan untuk bacaan atau buku anak-anak.
Fungsi Tembung Entar
Tembung entar dalam bahasa Jawa merupakan bahasa atau kata yang sering digunakan dalam perbincangan masyarakat Jawa dalam kehidupan sehari-hari. Tembung ini banyak digunakan untuk mengkiaskan sesuatu, bisa juga untuk menyindir atau mengibaratkan suatu sebab.
Contoh :
Budi iku wonge ga duwe nesu lan jembar segarane . (Budi itu orangnya tidak suka marah dan gampang sekali memaafkan).
Contoh Contoh Tembung Entar dan Artinya
A
- Abang kupinge : nesu
- Abang – abang lambe : lamis (ora temenan)
- Abang raine : nandhang isin
- Abot sanggane : rekasa
- Adol ayu : pamer ayu
- Adol bagus : pamer bagus
- Adol gawe : ngatonake gaweyane
- Adol kewanen : nduduhake kekendelane
- Adol kringet : nyambut gawe kasar
- Adol krungon : golek kabar (warta)
- Adol sendhe : adol barang menyang gadhen
- Adol umbag (umuk) : okeh omongan (ning ora ono nyatane)
- Adus eluh : susah banget
- Adus getih : getihe akeh banget
- Akeh sandhungane : akeh alangane
- Ala jengene : ora bisa dipercaya
- Ala kandhutane : ala watake
- Ala tembunge : kasar omongane (tembunge)
- Alus tembunge : omongane kepenak dirungokake
- Amba jangkahe : akeh usahane
- Angon ulat ngumbar tangan : golek limpe anggone maling
- Apus krama : ngapusi cara alus
- Asor budiine : ala bebudine
- Asor yudane : kalah
- Ati dhondong : ala atine
- Ati kethul : ora bisa ngrasakake
- Atine momot : sabar banget
- Atine ana wulune : atine ala, dengki
- Atine pingget : lara atine, serik
Contoh Kalimat Tembung Entar :
- Adikku tibo neng dalan nganti adus getih.
- Kerja nganti adus kringet nanging hasile ora sepiro.
- Arep bangun umah malah akeh sandhungane.
|
B
- Balang liring : Nglirik mripat
- Bau suku : batur (abdi)
- Bau tengen : wong kang dipercaya
- Bening atine : sumeh
- Buang sangkal : ngilangi apes
- Buang tilas : nutupi tumindak kang ala
- Bukak wadi : ngandhakake wawadine
Contoh Kalimat Tembung Entar :
- Dadi wong seng bening atine ben disenengeni koncone.
- Wong sing kerjane apik lan jujur bakal dadi bau tengen
|
C
- Cagak lek : cemilan kanggo betah melek
- Cagak urip : kanggo nyukupi kebutuhan urip
- Cancut taliwanda : tandang gawe
- Cangkem gatel : seneng ngrasani
- Cedhak umure : gelis mati
- Cepak jodhone : cepet enthuk jodho
- Cepak rezekine : kepenak entuk rezeki
- Cilik atine : wedi (jirih)
- Cupet atine : gampang nesu
- Cupet budine : ora bisa nggayuh kautaman
- Cupet nalare : ora bisa mikir dawa
- Cupet pangandele : ora percaya
Contoh Kalimat Tembung Entar :
- Sing sregep donga marang Gusti ben cepak jodhone.
- Dai bocah ojo cupet atine ben ga diadohi koncone.
|
D
- Dadi gawe : ngerepotake
- Dawa tangane : seneng nyolong njepuk
- Dawa ususe : sabar banget
- Dawa-dawa uja : perkawis seng ora uwis-uwis
- Dhedher kautaman : nandur kabecikan
- Dhuwur atine : gumedhe
- Dhuwur pangkate : panguwasa
Contoh Kalimat Tembung Entar :
- Adi senengane golek masalah mulane dadi gawe ing sekolahan.
- Kadang wong urip iku lelakone dawa-dawa uja.
|
E
- Empuk rembuge : guneme enak dirungokake
- Entek atine : kuatir banget
- Enteng baune : kepenak dijaluki tulung (seneng nulung)
- Entheng sanggane : ora rekasa
- Entheng tangane : seneng tandang gawe
Contoh Kalimat Tembung Entar :
- Bambang koncone akeh amerga entheng tangane.
|
G
- Gadho ati : gawe susah
- Gantung kepuh : sandhange ora tau ganti
- Gantung untu : selak kepingin mangan
- Gedhe atine : tatag (ora kuatir)
- Gedhe endhase : kemlungkung (sombong)
- Gedhe omongane : umuk ora ana nyatane
- Gedhe tekade : ora gampang nyerah
- Gedhekake puluk : ngenakake mangan
- Gegem tangan : kesed nyambut gawe
- Gilig rembuge : rembugane pasti
- Gilig tekade : ora bakal mundur tekade
- Gilud kawruh : golek ilmu kanthi mempeng
- Golek selamet : ati-ati supaya ora cilaka
- Golek urip : nyambut gawe kanggo nyukupi kebutuhan
Contoh Kalimat Tembung Entar :
- Ojo gampang gedhe endhase dadi manungsa ing donya iki.
- Dadi bocah sing gilud kawruh ning sekolah ben dadi dokter.
|
I
- Idu geni : omongan tansah kelakon
- Ilang klilipe : ilang mungsuhe
- Ilat mati : ora bisa ngrasakake
Contoh Kalimat Tembung Entar :
- Bapakku ilat mati, mulane ora bisa mbedakake manis utawa pahit
|
J
- Jakalara : rikala enome rekasa
- Jembar dhadhane : sabar banget
- Jembar kawruhe : okeh ilmune / pinter
- Jembar kubure :melbu suarga
- Jembar polatane : sumeh
- Jembar segarane : sabar / gampang menehi pangapura
- Jeru kawruhe : pinter
|
K
- Kakehan tangan : kakehan sing nyandhak
- Kaku atine : tansah ora sulaya
- Kandel kulite : sakti
- Kandel kupinge : ora nggugu pitutur
- Kasar tembunge : saru omongane
- Katon dhadhane : wadi adu arep
- Kagugah atine : sadar / eling
- Kecandhak karepe : gegayuhane kalakon
- Kelepetan ala : katut ala
- Kembang lambe : dadi guneman ana ngendi-ngendi
- Kembange pati : jalarane pati
- Kembang urip : lakune wong urip rena-rena
- Kena tinenga-tenga : kena disambati
- Kenceng karepe : kekarepane kudu katurutan
- Kenceng tekade : ora bakal mundur tekade
- Kethul pikirane : bodho
- Kulak warta : golek kabar
- Kuwat drajat : cocok dadi pemimpin
- Kuwat isin : ora gampang isin
- Kuwat mangan : mangane akeh
Contoh Kalimat tembung entar:
- Adikku cepet lemu amerga kuwat mangan.
- Lek ning sekolahan ora mirengake Guru dadi kethul pikirane.
|
L
- Lambe ati : watak
- Lambe tipis : akeh ngomonge
- Landhep dhengkul : kethul banget / bodho
- Landhep pikirane : pinter banget (gampang paham)
- Lara ati : serik atine
- Lara ayu : lara cacar
- Lara owah : edan / gendheng
- Larang pangan : paceklik
- Lobok atine : sabar
- Luhur budine : becik atine
- Luhur drajate : dadi wong panguwasa
- Lumah tangan : ora gelem cawe-cawe
- Lunyu ilate : guneme mencla-mencle
- Lurus lakune : jujur
|
M
- Manis eseme : eseme ngerepake ati
- Manis rembuge : guneme gawe senenge ati
- Mara tangan : seneng milara
- Mata dhuwitan : serakah marang dhuwit
- Mata loro : kabeh perkara diantepi
- Mateng kawruhi : mumpuni /kawruhe wis tutug
- Mateng rembuge : rembuge wes dimupakati
- Mateni pangane : gawe ilang panguripane
- Mati raga : prihatin / tapa / tirakat
- Mati sandhang pangane: ilang dalane golek panguripane
- Medhot dalan : ora diteruske
- Mendhem drajat : wong pangkat sing umuk
- Mentahe rembug : murungake rembug
- Meres keringet : nyambut gawe mempeng
- Meres piker : tenanan anggone mikir
- Metane lupute : nggolek salahe
- Methik layang : nurun
- Mogel ilate : mangan sing sarwa enak
- Mogul sinaune : ora tutug sekolahe
- Murang tata : kurang ajar
|
N
- Nandhang sungkawa : lagi susah
- Nandur kabecikan : gawe kabecikan
- Ngabangake kuping : nggawe nesu
- Ngadu wuleding kulit : adu kakuwatan
- Ngangsu kawruh : golek ilmu
- Ngatonake dhadhane : sesumbar
- Ngatonake siyunge : ngedohake kekuwatane
- Ngekep dhengkul : nganggur (ora nyambut gawe)
- Ngemut driji : ora entuk apa-apa
- Ngenakne ati : gawe seneng
- Ngendhaleni hawa napsu : nyegah kekarepan ala
- Ngepuh keringet : nyambut gawe mempeng
- Ngetog karosan : nyrempeng banget
- Nyolok mata : cetha wela-wela
- Ngobong atine : ngetokake napsu
|
O
- Oleh ati : ditresnani
- Oleh gawe : kaleksanan
- Oleh lara : kelaran
- Oleh wiranng : kisinan
- Ora duwe ati : kuwatir banget
- Ora katoh dhadhane : ora wani adu arep
- Ora merem : mangerti
- Ora ndalan : ora ngerti tata krama
- Ora ngunduh : ora entok apa-apa
|
P
- Padhang dalane : melbu swarga
- Padhang hawa : donya
- Padhang langite : katon seneng
- Padhang jagade : katon tentrem
- Padhang pikire : lega seneng
- Padhang ulate : sumeh
- Pait getire urip : pangalamane urip
- Pait lelakone : uripe rekasa
- Panas atine : nesu banget
- Papan pekiwan : panggonan sing ora adhakan
- Pecah pamore : uwis ngancik diwasa
- Pedhes rembuge : guneme gawe serik
- Perih atine : susah banget
- Peteng atine / pikire : susah
- Pingget atine : serik
- Pulih getihe : ora kalah ora menang
- Puput yuswa : seda (mati)
|
R
- Rai gedheg : ora duwe isin
- Rengga praja : jaga awak
- Rengga salira : dandan
- Runtuh atine : tuwuh welase
- Rupak atine : ora gampang ngapura
- Rupak jagade : judheg, kentekan pasaban
|
S
- Sabuk gelang : sawahe akeh banget
- Sepi kawruh : bodho / ora duwe ilmu
- Sepi pamrih : ora duwe pamrih
- Seret rezekine : ora lancar golek rezeki
- Sesak dhadhane : mangkel
- Sumpeg atine : susah (sedih)
|
T
- Tadhah kalamangsa : dipangan
- Tadhah udan : lirangan gedhang sing dhuwur dhewe
- Tatu atine : serik banget
- Tanpa tilas : entek blas
- Tipis lambene : ceriwis /seneng rerasan
- Thukul pikire : nduwe akal
- Thukul turune : nduwe anak
|
U
- Udan tangis : akeh sing padha nangisi
- Ulat peteng : katon nesu
- Ulat manis : sumeh
- Utang lara : tau gawe laran marang wong liya
- Utang nyawa : tau gawe patine wong liya
- Utang pati : tau gawe patine wong liya
- Utang wirang : tau gawe wirange wong liya
|
W
- Walang ati : sumelang (kuatir)
- Wani mati : nekad
- Wani silit wedi rai : ora wani terang-terangan
- Weteng kadut : ora tampikan
- Weteng karet : panganane akeh
- Wedi getih : ora wani
- Wedi kangelan : Kesed
|
Dari contoh-contoh tembung entar di atas dapat disimpulkan terdapat pesan yang dapat diambil ketika orang-orang Jawa sedang berbincang tembung entar, sekedar mengobrol ataupun bercanda. Artikel di atas semoga bermanfaat .